Sony Xperia Z1 Compact - Setelan kamera umum

background image

Setelan kamera umum

Ringkesan setelan mode motret

Super otomatis

Optimalake setelan supaya cocog karo samubarang sawangan.

Manual

Atur setelan kamera kanthi manual.

Sound Photo

Njupuk foto nganggo swara latar.

Efek AR

Potret foto utawa rekam video nganggo sesawangan lan karakter virtual.

Efek kreatip

Trapake efek menyang foto utawa video.

Info-eye™

Golek informasi luwih lengkap babagan sing dideleng ing jendhela bidik.

Timeshift burst

Golek foto paling apik saka akeh gambar.

89

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Sapuan Panorama

Jupuk foto sudut amba utawa panorama.

Kanggo informasi luwih lengkap babagan cara njupuk foto sing luwih apik, bukak

www.sonymobile.com/support

.

Otomatis superior

Mode otomatis superior ndheteksi kahanan nalika sampeyan motret lan otomatis

ngepasake setelan saengga sampeyan bisa mesthi oleh asil potret sing apik.

Resolusi paling dhuwur sing didhukung mode otomatis Superior ya iku 8MP. Yen sampeyan

arep njupuk foto nganggo resolusi sing luwih dhuwur, gunakkake mode

Manual.

Mode manual

Gunakake mode Manual yen sampeyan arep ngepasake setelan kamera sacara manual

kanggo motret lan ngrekam video.

Efek AR

Sampeyan bisa nerapake efek (augmented reality/realitas tambahan) menyang potret

supaya luwih nyenengake. Nalika nggunakake kamera, setelan iki ngijini sampeyan

nggabungake pemandangan 3D menyang foto utawa video. Pilih sesawangan sing

dikepengini lan setel panggonane ing jendela bidik.

Efek Kreatif

Sampeyan bisa ngetrapake maneka efek ing foto utawa video sampeyan. Contone,

sampeyan bisa nambah efek Nostalgia kanggo nggawe foto katon lawas utawa efek

Sketsa kanggo foto sing katon luwih nyenengake.

Sweep Panorama

Sampeyan bisa njupuk potret sudhut amba lan panorama saka arah horisontal utawa

vertikal ing gerakan gampang penet-lan-Sapuan.

Njupuk potret panorama

1

Aktifake kamera.

2

Tutul , banjur pilih .

3

Kanggo milih arah motret, tutul

.

4

Pencet tombol kamera banjur pindhah kamera alon lan kanthi ajeg menyang arah

saka gerakan dituduhake ing layar.

Info-eye™

Aplikasi Info-eye™ nulung nlusur katrangan babagan bab-bab sakupengan sampeyan

nggunakake jendela bidik. Contone, sampeyan bisa njupuk potret tengara lan nampa

katrangan babagan iku ing layar. Utawa, sampeyan bisa njupuk potret buku utawa waca

cepet QR code lan entuk katrangan latar sanalika.

Info-eye™ mung bisa ngenali tengara utawa objek kapilih.

Nyeken kode balok otawa kode QR nganggo Info-eye™

1

Aktifake kamera.

2

Tutul , banjur pilih .

3

Arahake kamera ing kode balok utawa kode QR supaya kode katon ing jendhela

bidik, banjur potret.

4

Enteni sedhela nganti foto dianalisa. Kanggo nuduhake katrangan produk, demek

suwe

Rincian produk, banjur seret munggah.

90

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Timeshift burst

Kamera njupuk gambar akeh nganti 61 potret ing jendhela rong detik – sak detik

sadurunge lan sawise sampeyan menet tombol kamera. Mulane sampeyan bisa bali lan

golek gambar sing paling apik.

Nggunakake Timeshift burst

1

Uripake kamera.

2

Tutul , banjur pilih .

3

Kanggo njupuk potret, penet kamera nganti mentok banjur angkat driji. Potret sing

dijupuk katon ing tampilan gambar cilik.

4

Gulung ngliwati gambar cilik banjur pilih potret sing arep disimpen, banjur tutul .

Ngundhuh aplikasi kamera

Sampeyan bisa ngundhuh aplikasi kamera sing gratis utawa sing mbayar saka Google

Play™ utawa sumber liyane. Sadurunge miwiti ngundhuh, pesthekake sampeyan

nduweni sambungan internet, utamane liwat Wi-Fi® supaya matesi biaya lalu lintas data.

Ngundhuh aplikasi kamera

1

Bukak aplikasi kamera.

2

Tutul , banjur tutul

BISA DIUNDHUH.

3

Pilih aplikasi sing pengin sampeyan undhuh, lan tindhakake instruksi kanggo

ngrampungake instalasi.

Bukak cepet

Gunakake setelan Bukak cepet kanggo mbukak kamera nalika layar dikunci.

Mung bukak

Nalika setelan iki diaktifake, sampeyan bisa mbukak kamera nalika layar dikunci kanthi menet terus tombol

kamera.

Bukak lan jupuk

Nalika setelan iki diaktifake, sampeyan bisa mbukak kamera lan motret kanthi otomatis nalika layar dikunci

kanthi menet terus tombol kamera.

Bukak lan rekam video

Nalika setelan iki diaktifake, sampeyan bisa mbukak kamera lan ngrekam video nalika layar dikunci kanthi

menet terus tombol kamera.

Mati

Menehi tandha panggonan

Menehi label menyang potret nganggo katrangan ing ngendi potret dijupuk.

Motret tutul

Tamtokake area fokus, banjur tutul layar kamera nganggo driji. Potret dijupuk sanalika

sampeyan ngangkat driji.

Swara

Pilih arep nguripakake utawa mateni swara kamera nalika sampeyan njupuk potret.

Panyimpenan data

Sampeyan bisa milih arep nyimpen data ing kertu SD sing bisa dipindhah-pindhah utawa

menyang panyimpenan internal piranti.

Simpenan internal

Potret utawa video sing disimpen ing memori piranti.

Kertu SD

Potret utawa video sing disimpen ing kertu SD.

91

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Watesan Tutul

Aktifake kanggo mateni operasi tutul supaya ora sengaja ndemek.

Imbang putih

Setelan sing mung kasedhiya ing mode motret

Manual iki ngatur imbangan werna

miturut kondisi cahya. Setelan iki uga ngidini sampeyan ngatur cahya kanthi manual

mulai -2,0 EV nganti +2,0 EV. Misale, sampeyan bisa nambah pepadhange gambar

utawa nyuda cahya sakabehe kanthi nutul kontrol plus utawa minus nalika lambang

setelan imbang putih ditampilake.

Otomatis

Nyetel imbangan werna kanthi otomatis miturut kondisi cahya.

Inkandesen

Nyetel imbangan werna kanggo kondisi cahya anget, kayata ing ngisor lampu bolam.

Fluoresensi

Nyetel imbangan warna kanggo cahya lampu neon.

Awan Padhang

Nyetel imbangan warna kanggo panggunaan kondisi njaba ruangan kanthi cahya srengenge.

Mendhung

Nyetel imbangan warna kanggo langit mendhung.