Sony Xperia Z1 Compact - Layar aplikasi

background image

Layar aplikasi

Layar Aplikasi, sing dibukak saka layar Ngarep, ngamot aplikasi sing wis diinstal ing

piranti lan aplikasi sing diundhuh.

Ndeleng kabeh aplikasi ing layar Aplikasi

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Gulung cepet ngiwa utawa nengen ing layar Aplikasi.

Mbukak aplikasi saka layar Aplikasi

Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo nggolek aplikasi, banjur tutul aplikasi

kasebut.

Nggoleki aplikasi saka layar Aplikasi

1

Nalika layar Aplikasi mbukak, tutul .

2

Ketik jeneng aplikasi sing pengin digoleki.

Mbukak menu layar Aplikasi

Nalika layar Aplikasi mbukak, seret pinggir kiwa layar menyang tengen.

17

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Mindhah aplikasi ing layar Aplikasi

1

Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang

tengen.

2

Pesthekake yen

Urutake dhewe wis dipilih ing ngisore TUDUHAKE APLIKASI.

3

Ing layar Aplikasi, tutul terus aplikasi nganti dadi gedhe, banjur seret menyang

lokasi anyar.

Nambahake trabasan aplikasi menyang layar Ngarep

1

Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang

tengen.

2

Pesthekake yen

Urutake dhewe wis dipilih ing ngisore TUDUHAKE APLIKASI.

3

Ing layar Aplikasi, tuutl terus lambang aplikasi, banjur seret lambang menyang sisih

ndhuwur layar. Layar Ngarep mbukak.

4

Seret lambang menyang lokasi sing dipengini ing layar Ngareo, banjur angkat driji.

Yen

Alfabetis utawa Krp digunakake dipilih ing TUDUHAKE APLIKASI lan dudu ing Urutake

dhewe, sampeyan tansah bisa nambahake trabasan Aplikasi menyang layar Ngarep. Tutul

terus lambang aplikasi sing cocog nganti layar Ngarep mbukak, banjur seret lambang kasebut

menyang lokasi sing dipengini lan culake driji.

Ngatur aplikasi ing layar Aplikasi

1

Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang

tengen.

2

Pilih pilihan sing dipengini ing

TUDUHAKE APLIKASI.

Mbusak instalasi aplikasi saka layar Aplikasi

1

Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang

tengen.

2

Tutul

BUSAK INSTAL. Kabeh aplikasi sing ora bisa dibusak instalasine

ditunduhake karo .

3

Tutul aplikasi sing pengin dibusak instal, banjur tutul

OK.