Sony Xperia Z1 Compact - Ngatur konten video

background image

Ngatur konten video

Njupuk katrangan film kanthi manual

1

Pesthekake piranti duwe sambungan data sing aktif.

2

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul

Video.

3

Seret pinggir kiwa layar menyang tengen kanggo mbukak menu layar ngarep

Video, banjur tlusuri samubarang kategori lan menyang file video sing pengin

sampeyan weruhi katrangane.

4

Tutul terus gambar cilik video kasebut, banjur tutul

Tlusuri info.

5

Ing kolom tlusur, tik tembung kunci kanggo video, banjur tutul tombol konfirmasi

ing papan tombol. Kabeh sing cocog ditampilake ing dhaptar.

6

Pilih kasil tlusur, banjur tutul

Rampung. Wiwit ngundhuh katrangan.

Sampeyan bisa njupuk katrangan babagan video sing lagi mentas ditambahake nalika aplikasi

Video dibukak lan kothak centhang

Angsal rinci video ing ngisore Setelan ditandhani.

Yen katrangan sing diundhuh mau durung bener, telusur maneh nganggo tembung kunci sing

beda.

Mbusak katrangan babagan video

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul

Video.

2

Seret pinggir kiwa layar menyang tengen kanggo mbukak menu layar ngarep

Video, banjur tlusuri samubarang kategori lan menyang file video sing pengin

diowahi.

3

Tutul terus gambar cilik video, banjur tutul

Busak info.

Mbusak video

1

Saka layar Ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul

Video.

2

Seret pinggir kiwa layar menyang tengen kanggo mbukak menu layar ngarep

Video, banjur tlusuri samubarang kategori lan menyang file video sing pengin

dibusak.

3

Demek terus gambar cilik video, banjur tutul

Busak saka dhaptar sing katon.

4

Tutul

Busak maneh kanggo ngonfirmasi.

108

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.